Mlaku lumaku laku, lelakoning sejatining lelaku
Mlaku koyo ora lumaku
Ora mabur tur yo ora midak
Tanpa tracak ananging mindah awak

Ojo siro wirang
Ojo siro kaweden
Ojo siro bebungah
Ojo siro deduko
Kabeh mau tunggal roso, alebet ing jiwo lan sukmo, ora ono bebedo, siro sadriming nrimo, ora duwe doyo, ora duwe kuoso. Ingsun lan iro amung wayang kang anut dalang, ning ndi parane saka ngendi asale ora usah dadi pengangen-angen lan kasusahan.

Mlaku lumaku laku, lelakoning sejatining lelaku

Yogyakarta, 2014

Comments

Popular posts from this blog

Kenangan